Minggu, 03 Juni 2012

bangga dadi bonek !


beritane iki persis nggambarno kejadian nang gelora 10 november sing wingi lawan persija .
persebaya dewe ancen maenen rodok loyo . gregetan tok isine sampek buyaran babak pertama , datar ga onok gerakan sing memanas ngono . wasite iku yo moto e rodok penceng sisan , ga isok ndelok endi offset endi gak . lha yaopo bonek-bonek iki gak emosi tok . kebobolan toh akhire . pisan ae gak popo , lha kok kebobolan maneh . ilok-ilokane khas suroboyo metu kabeh akhire , jancok asu kabeh sak bangsane iku kesebut gak mari-mari , wasite iku dejek pisan sawangane . wkwkwwk . sampek akhire kenek pinalti , iku yo pancet ae dejek ga trimo . tapi alhamdulillah ae isok GOL ! lego ngono rasae koyok mbari ngelak soro trus diombeni es degan . segerr . gak suwi , bajule nambah gol maneh . kejar-kejaran terus sampek akhire skore podo 3-3 . emosi kesel mangkel seneng bangga metu kabeh dadi siji , pokoke gak hina kalah ambek dejek anjing . koyok bom sing mbledos , bengok-bengok jingkrak-jingkrak , peluk-pelukan saking senenge persebaya isok nambah gol terus masio seri . wes pokok e persebaya tok saknomer !

tapi critane gak sampek kunu tok , masio bonek wes podo buyar dewe-dewe tapi jek ae onok sing nggarai . saiki polisine macak jagoan , atek mukili bonek-bonek sing kate njupuk boyo ambek banner . yaopo bonek liyone gak emosi , yo disawati ambek botol lah akhire . gak suwi botole iku dadi watu cilik sampek sing sak boto boto . salae dewe polisine sok sok an . melete pak . nduwe cangkem lho padahal , atek nggepuk2 barang . bonek iku lagi belajar dewasa , nek digarai yo liar maneh . pas iku ancen ak ndelok onok bonek siji melebu nggowo batako guede kate disawatno nang polisi . lha pas iku gak suwi dadakno gas air mata wes terbang nangndi nangndi . tepak arek-arek yo mencar dewe-dewe ndelok i sing nang ngisor . ak sing jek ndelok i arek iku , langsung disaut ambek firman mendukur . apes cik sepatuku atek ucul pisan . hahahaha . nang ndukur iku wis gak iso napas rasane , watuk-watuk nggolek udara resik . nekek pek sumpah . pas iku ak ijenan kepepet wong akeh nang pojokan , firman mudun maneh nggolek sepatuku . gak suwi ak ditarik ambek adit ambek gopok digowo mudun . iku wis mek isok merem ambek watuk , sesek panas perih dadi siji . salah dalan metue mek isok lewat lorong siji cilik peteng pisan dilewati wong sakmono akehe . ngeri . mencekam . wong-wong kabeh podo bengok2 golek koncoe golek anake . sumpah ngueri . ga isok ndelok opo-opo , yo mek isok ngeraba-ngeraba atek sikil . lha pas metu iku rasane tambah lemes pegel ga isok ambekan yo gak isok melek . suasane persis koyok kenek bencana , jare adit malah koyok nang liga itali . hahaha . awak dewe langsung golek banyu gae diraupi , ga sempet ngombe rasane nafas iki wes gak nutut . mbayu kabeh dadi siji . langsung adit ngejak balik , gak kuat dit ! akhire ak digendong adit , raiku puanas koyok kobong . gak isok mikir opo-opo , ak mek pengen isok ambekan ae kok . nang indomaret , lha kok wis tutup . pas nggendong iku , adit jek sempet2e pengen mbalik ngantemi polisi sing lewat nang tenga-tengae bonek . polisi marani gepuk . wis dit gak usah aneh-aneh ayok mbalik ! ak sampek dicekeli wong-wong ambek es batu . mak sepurane yo nek ak akeh salae . sampek omae mas bayu  , langsung ngombe mbek raup-raup . gemeteran kabeh rasane . lha sing lanang ae mukok mukok , ndaniyoo . ak mbayangno , pasti pas iku rai ku mbek rai ne arek2 uelek banget . hahahahaha :)
tapi yo iku lho bonek . resiko ne mbonek pisan . nek dibilang wedi yo wedi , tapi ak gak kapok . masio medeni tapi seru kok . masio nangis ambek ingus dadi siji . wkwkwkwkw .
nek ak bonek kon kate lapo !

Tidak ada komentar:

Posting Komentar